Friday, October 5, 2012

SCENE1: Contoh Naskah Drama Bahasa Jawa Terbaru

Naskah Drama Cerita Rakyat Bahasa Jawa 7 Orang, Naskah Drama Bahasa Jawa Keong Ma, Naskah Drama Bahasa Jawa Dongeng, Naskah Drama Bahasa Jawa 4 Perempuan 2 Laki Laki

Contoh Naskah Drama Bahasa Jawa Terbaru - Buat sob yang lagi cari naskah drama dalam bahas jawa dengan tema Ande Ande Lumut, sob bisa dapatkan naskahnya disini, Ooo iya sob ini bagian pertama saja dulu adapun untuk naskah ataupun dialog berikutnya akan dishare lagi disini atau nggak di update lagi....

Ing sawijining negara (embuh negara apa), ana desa kang arane desa Tak Dung-dung Tak dung-dung.
Desa kuwi subur, makmur, gemah ripah loh jinawi. Ing desa kuwi, ana kulawarga kang isine simbok
lan anak-anake, bapake ora ana, embuh ngilang mengendi, jare wis ninggal dicaplok baya.

SCENE 1

(Panggung kosong, katon dekorasi kanthi swasana pradesan. Krungu lagu gendhing Jawa. Mbok
Menah mlebu
nggawa tampah isi beras, ngenalke awakke marang pamirsa.)
Mbok Menah: “Hei Pamirsa… kenalna, jenengku Mbok Menah. Aku iki simboke para klenting. Aku
iki bombonge pol duwe anak sing ayu-ayu, pinter-pinter, sehat-sehat, bekti marang wong tuwa.
Pokoke ora ana tandingane ing desa iki. Wis akeh para pemudha kang padha nglamar. Eh, wis ya
pamirsa. Aku arep masak dhisik, anak-anakku durung padha sarapan. Daaaaa….”
(Mbok Menah metu saka panggung. Krungu lagu Campursari. Ngiringi mlebune para klenting. Para
klenting
mlaku jejer-jejer kaya model miss universe. Banjur para klenting ngenalke awakke marang pamirsa)
K. Abang : (Ngipat-ngipatke slendang, kemayu)”Assalamu’alaikum…Para pamirsa…kenalke…dhewe
iki para klenting, anak-anake Mbok Menah. Aku sing ayu dhewe iki Klenting Abang, aku sing paling
tuwa lho… Nanging paling oke dhewe..”
K. Biru
: ”Jenengku Klenting Biru.Body-ku sing paling yahud dhewe. Hehe..”
K. Ungu : ”Nak aku Klenting Ungu”
K. Ijo
: ”Aku Klenting Ijo.”

K. Abang : ”Para pamirsa, dhewe iki tresna banget marang simbok. Simbokku kuwi wong kang paling
apik sakdonya. Tetep bisa ngrumati anak-anake senadyan ora duwe wakil. Bapakku wis suwe ninggal,
amarga dicaplok baya nalika nembe mancing.”
K. Ungu : ”Iya, bener. Simbok ya maringi dhewe kebebasan kanggo ngapa wae. Kuwi berarti simbok
percaya
karo dhewe.”
K. Ijo
: ”Bener banget. Dhewe iki kan isih enom. Urip mung sepisan, dadi kudu bener-bener dimanfaatke,
aja disia-siakake. Hi… hi… hi…”
K. Biru
: ”Eh, wis-wis..! Ayo padha mlebu, ngrewangi simbok masak.”
                                                                DOWNLOAD VIDEO

No comments:

Post a Comment